Dino iki rencana kit esuk kan arep melu seminar kang Onno W Purbo nang gedung Sukapura Komplek Dadaha Tasikmalaya. Aku mangkat karo kanca seko Cilacap yaiku Suropeji, Baha lan Macan Sewu. Mangkat teko omah jam 7.30 WIB, mampir sedela nang Pom Bensin Langkap Lancar ngisi BBM. Terus bar kuwi lanjutna maning perjalanan maring Tasikmalaya, alhamdulillah gutul lokasi jam 9.15 WIB.

Mandan ngebut sih perjalanan meng Tasik kuwi, biasane kecepatan mung 60 mau awan kayane ana sekitar kecepatan 80 km/jam. Aku ya urung begitu paham soal lokasi sing dituju, yaiku aku kudune takon disit marang wong sing ketemu nang dalan. Alhamdulillah ya alon waton kelakon, sidane bisa kumpul bareng kanca panitia.

Wah acarane pancen maknyos, enyong bisa teka nang lokasi langsung dipapag nang adi-adi sekolah sing ayu. Jenenge be bocah Tasik mesti cah sekolah ya apik-apik lah tur ndemeni, nganti kanca blogger seko Cilacap kuwi pada kesengsem marang bocah wedo seng nangkono. Enyong karo kang Suropeji ya sempet heran pas ndeleng bocah sekolah wedo sing nganggo cadar.

Bar kuwi aku ro konco-konco kabeh dipandu nang Mas Fajar Eridianto lan Kang Yossy Suparyo, sinau bareng perkara sosialisasi desa.id lan piye carane ben kepala desa ngerti teknologi kanggo nyampena warta teko warga masyarakat. Manfaate ya pastine akeh banget, masyarakat dadi luwih berperan aktif kanggo ngabaraken tentang kelebihan potensi sing ana nang wilayaeh.

Kang Fajar aweh wejangan yen dewek ki kudu gawe kegiatan sek, bar kuwi kudu aweh ngerti marang pemerintah. Salah siji conto sing wes dipraktekna nang Kang Fajar ya kuwi nang Kuningan. Pihak Pemerintah Kabupaten Kuningan nganti keisinen, bar kuwi nelpon yen iku reportase acara nangendi. Bar dijelasna jebule ora adoh kegiatane nang kono teko kantor Bupati. Nganti saiki perhatiane wes oleh teko pemerintah Kabupaten, luwih-luwih teko pemerintah gubernur.

Ya intine dewek kudu nunjukna dedikasine terhadap pembangunan nang desane dewek. Pertama ojo ngarep dewek dilirik sek, minimal dewek iso aweh ngerti marang pemerintah yen due program positif kagem pembangunan sing berkelanjutan. Wes iki ae penggalan kisah sing mau dilaksanakna nang Gedung Sukapura Dadaha Tasikmalaya. Gutul kene, apa kanca-kanca blogger siap majukna daeraeh dewek nganggo penuh dedikasi?