Donor darah yuh

Wong sing due getih sebetule ya kudu gelem amal marang wong liya. Sebabe urip nang dunya iki ora dewekan. Dadine nek berbagi ya kudu dadi bagian nang uripe. Siki contone bae nek ana tanggane mbarang gawe atawa rep kenduren, tulih ya pada njaluk tulung marang tanggane mbokan. Nah kuwi kudu ditandur nang awake dewek kawit cilik. Siki ya kudu ana rasa tenggang rasa marang wong liya, soale kuwe manfaate akeh banget kanggo uripe dewek.

Enyong arep gawe conto soal berbagi marang dulur, salah sijine yaiku donor darah sukarela. Donor darah giye manfaate selain awake dewek dadi sehat, juga ndadekna amal sing bisa gutul nggo sangu nang akhirat. Wis aja kakeh polah, langsung bae ya nek donor darah giye rep tek tidokna kabeh manfaate. Sijine bisa periksa darah gratis, tekanan darah diukur, kadar haemoglobin lan sing jelas seluruh kebutuhan dewek apik pokoke.

Sedurunge donor darah, dewek diperiksa kadar haemoglobin, tekanan darah lan uga golongan darah bagi sing urung tahu donor darah. Nah nek kadar haemoglobin normal, tekanan darah normal ya bisa langsung di sedot getieh. Getih sing dijiot mung 350cc ya segelas cilik kurang sih. Dadine nek dewek wis disedot getieh, mengko awak gawe getih maning selama 8 minggu. 2 minggu menganah memulihna kadar haemoglobin, dadi nek pengen dijiot maning getieh ya 3 sasih pisan.

Saiki wis ngerti mbokan manfaate donor darah. Selain dewek darah manfaat kanggo wong liya, dewek juga bisa periksa darah gratis. Ayo pada donor darah lur. Ben sehat bisa nulungi wong liya. Itung-itung kanggo ngamal lan sangu nang akherat.